Makalah : Duryudana Kelas SCI
ATUR PAMBUKA
Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah, saengga kita
saged nyekapaken tugas damel makalah punika minangka salah satunggaling sarat
kangge njangkepi tugas Bahasa Jawa SMA Negeri 1 Kebumen. Boten kesupen ugi
ngaturaken agunging panuwun dhumateng:
1.
Bapak Nurul Anwari, guru Bahasa Jawa
SMA Negeri 1 Kebumen ingkang sampun paring pengarahan kalian bimbingan dhateng
kita sedaya anggenipun kita nyusun makalah punika.
2.
Kanca-kanca, mliginipun kelas SCI
ingkang sampun biyantu nyekapaken makalah punika.
3.
Bapak saha Ibu ingkang sampun paring
pandonga saha penyengkuyungipun wonten ing panyeratan makalah punika.
Panyerat nyuwun pangapunten menawi anggenipun damel
makalah punika kirang sampurna lan taksih kathah klenta-klentunipun. Awit
saking menika dipunsumanggaaken panyaruwe saha pamrayogi saking para pamaos
ingkang saged nambah kasampurnan makalah punika. Mugi-mugi makalah punika
wonten paedahipun kagem sedaya ingkang maos.
Kebumen, November
2014
Panyerat
BAB I
PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten
Warisan budaya saking para leluhur
punika kathah ingkang saged dipunsinau dening para mudha. Budaya adiluhur
punika ugi saged paring pambiyantu para mudha ingkang ngangsu kawruh ngrembakaaken
kabudayan. Salah satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika
wayang. Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing
wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka
kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud
2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa
wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani
penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus,
ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akčh ditemoni.
B.
Undheraning Panaliten
Saking dhasaring panaliten ing inggil, dipunpanggihaken mapinten-pinten
perkawis ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan wayang. Perkawis ingkang
badhe dipunrembag lumantar makalah menika inggih menika kados pundi pangertosan
wayang lan kados pundi wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang wonten
masarakat Indonesia mliginipun masarakat Jawi piyambak. Bab menika wigatos
sanget dipunpenggalih mliginipun dening masarakat ingkang rumaos “asli” saking
Jawi, utawi sinten kemawon ingkang rumaos handarbeni dhumateng wayang, supados
kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening
masarakat sanesipun ing donya menika.
C.
Ancasing
Paneliten
Ancasipun saking
panaliten menika inggih kados makaten
1.
Ngandharaken tegesipun wayang.
2.
Ngandharaken sejarahipun wayang.
3.
Ngandharaken sebutanipun wayang
menika.
D.
Paedahing
Paneliten
Panaliten punika nggadhahi kalih manfaat:
1.
Kagem Masarakat
Minangka papan
sinau ngenani budaya wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune pangerten
budaya wayang.
2.
Kagem Panyerat
Minangka papan
informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti
sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki.
BAB II
PIREMBAGAN
A.
Pangertosan
Wayang
Wayang inggih
menika pagelaran ingkang umumipun ngginakaken boneka. Wayang dipuntindakakan
dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud boneka 2 dhimensi
utawa 3 dhimensi. Umumipun, boneka wayang ingkang awujud 2 dhimensi kadamel
saking kulit (walulang), ingkang limrahipun kulit sapi, utawi mendha. Dene
boneka wayang ingkang 3 dhimensi,
limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain
maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing tlatah sanes ugi
wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, nanging wayang jinis
menika boten kathah.
B.
Sejarahipun
Wayang
Miturut para
ahli budaya ugi adhedhasar asiling panaliten para ahli arkeologi wonten ing Indonesia,
kesenian budaya wayang menika sejatosipun sampun wonten wujudi aslinipun awit
rumiyin nalika taksih dipunsebat kalebet jaman kuna. Jaman kuna inggih menika
kangge nyebutaken wekdal saderengipun wonten agama Hindhu Budha. Wonten ing
jaman sakmenika, budaya wayang sampun dados kagunganipun bangsa Indonesia.
Dados wayang menika kalebet kabudayan asli bangsa Indonesia. Nalika semanten,
budaya wayang taksih wonten sesambetanipun kaliyan kapitadosan animisme ingkang
dipunpitados dening para leluhuripun bangsa Indonesia.
Miturut kapitadosan
Animisme, sukma saking para leluhur saged dipunangge minangka sarana nyuwun
pitedah kaliyan pambiyantu nggayuh kamulyaning gesang. Sanesipun ugi saged
kagem pangayom saking raos susah kaliyan kacilakan. Kosok wangsulipun, sukma
menika ugi dipunpitados saged damel susah saha ciakaning manungsa. Awit saking
menika, nalika semanten menawi wonten kekajengan badhe nyuwun dhateng para sukmanipun
leluhur, lajeng dipuntindakaken upacara slametan. Upacara slametan menika
dipunpitados saged nimbali para sukmaning leluhur ingkang saged dipunsuwuni
kaslametan kaliyan kamulyan gesangipun manungsa. Upacara menika dipuntindakaken
kanthi sarana ngawontenaken gelaran wayang.
C.
Sebutan
wayang
Tembung
wayang menika asalipun saking tembung “wewayangan”, amargi dipungelar nalika
wayah dalu mawi dipunsorot dening lampu. Nanging sakmenika ingkang dipunwastani
wayang boten namung wewayanganipu boneka, amargi wonten ing pagelaran wayang
golek menika boten dipuntingali wewayanganipun saking soroting lampu.
Tembung
wayang sakmenika dipunangge kangge nyebataken wayang ingkang saking kulit.
Wayang kulit dumugi sakmenika taksih dipunlakoaken dening dhalang mawi sorot
lampu ing geber. Anggenipun ningali mesthinipun saking ngajengipun geber
saengga ketingal wewayanganipun saking boneka wayang kulit. Wayang menika
umumipun kanthi lakon Mahabharata lan Ramayana.
D. Cariyos Wayang Duryudana
Duryodana utawi Duryudana inggih menika Ratu saking Ngastina (Hastina). Wonten ing serat Mahabharata
dipunsebat Droyudhana. Dasanamanipun Duryudana miturut ing padhalangan inggih
menika Suyudana, Jakapitana, Jayapitana, Kurupati, Gendharisuta, Dhasthaputra, lan Tri
Mamangsah.
Duryudana menika putranipun Prabu
Dhestharastra saha Dewi Gandari ingakang pambarep. Duryudana inggih menika
pambarepipun kurawa. Duryudana kaliyan para kurawa anggenipun mijil boten
limrah kados jabang bayi sanesipun. Para kurawa nalika mijil(lair) awujud
tengkelan daging kados tugelan daging lembu. Tugelan daging menika sami polah
kroncalan lajeng dipuntendhang dening Dewi Gandari seantepipun saengga sigar
dados kalih. Dewi Gendari saya duka. Sigaranipun daging dipunidek-idek saengga
ajur dados mapinten-pinten sami krugat-kruget kados singgat. Salajengipun
daging wau dipuntutupi godhong lumbu. Daging ingkang ageng piyambak dados bayi
kalih, inggih menika Duryudana kaliyan Dursasana. Dene daging ingkang alit-alit
dados rayi-rayinipun ingkang cacahipun kathah. Salajengipun dipunwastani Sata
Kurawa utawa satus Kurawa sinaosa cacahipun 101(satus setunggal). Kurawa menika
ngandhut teges turunanipun kulawarga Kuru.
Duryudana lan para rayinipun
gadhah watek ingkang angkara murka, srei, jail-methakil, amargi tansah
dipunapusi kaliyan dipunpangaribawani dening pamanipun Patih Harya Sengkuni
(Sakuni). Bedanipun kaliyan Prabu Dasamuka, Ratu Ngalengka, sinaosa sami-sami
gadhah watek angakara murka nanging sedaya tumindakipun Prabu Dasamuka ingkang
angkara murka menika thukul saking manahipun piyambak. Dene Duryudana
anggenipun gadhah watek angkara murka amargi dipunsetir dening Patih Sengkuni.
Mila Duryudana lajeng tansah mengsah dhateng para Pandhawa.
Garwa prameswarinipun Prabu
Duryudana sesulih Dewi Banowati, putrinipun Prabu Salya saking Mandaraka. Sinaosa
Duryudana menika wujudipun cakrak, gantheng, nanging emanipun bodho sanget. Penggalihipun
landhep dhengkul. Taksih dipuntambah watekipun ingkang angkara murka. Mila boten
wonten putri ingkang remen kaliyan piyambakipun. Nalika badhe krama kaliyan
Dewi Erawati (putri pembayunipun Prabu Salya), dipunrebat utawi kalah kaliyan
Raden Kakrasana (Prabu Baladewa). Nalika badhe krama
kaliyan Dewi Surtikanthi (putrinipun Prabu Salya ingkang angka kalih), dipunrumiyini
dening Suryatmaja (Adipati Karna). Wasana saged dhaup kaliyan Dewi Banowati amargi
pambiyantunipun Raden Permadi(Arjuna).
Sejatosipun Banowati boten gadhah raos tresna dhateng Duryudana, amargi
Banowati sampun langkung rumiyin tresna dhateng Permadi. Awit saking menika
Banowati nyuwun bebana: Gajah Putih, sratinipun putri sulisttya. Duryudana saged
minangkani bebana wau amargi pambiyantunipun Permadi. Banowati lajeng nyuwun
bebana malih: Patah (ingkang ngamping-amping penganten) putri ayu kaliyan
satriya bagus ingkang ngungkuli para priya ing Mandaraka. Kuwajibanipun patah
menika ndandani manten putri ingkang dipunkajengaken inggih menika Permadi.
Prabu Duryudana lajeng dhawuh dhateng Patih Sengkuni wonten ing pertapan Wukir
Retawu wonten ing ngarsanipun Begawan Abiyasa saperlu nyuwun ngampil Permadi
supados maesi temanten putri.
Panembahan Abiyasa marengaken
Permadi dipunboyong dhateng Mandaraka saperlu maesi temanten putri. Mila boten
mokal, menawi Banowati ingkang salajengipun dados garwanipun Prabu Duryudana
sejatosipun sampun boten prawan malih amargi dipunprawani dening Permadi.
Saking anggenipun bebrayan, Banowati kagungan putra kalih jaler-estri, ingkang
sesulih Raden Lesmana Mandrakumara inggih Sarojakesuma kaliyan Dewi
Lesmanawati. Kathah ingkang mastani menawi putra kalih menika sanes putranipun
Duryudana, nanging wonten ugi ingkang mastani bilih bapa saking Leksmanawati
inggih menika Arjuna.
Pejahipun
Duryudana inggih menika nalika perang wonten ing Bharatayudha. Duryudana dados senopati
Kurawa ingkang pungkasan mengsah kaliyan Werkudara Bima. Sekawit Werkudara ingkang ngadhepi wekdal menika bola-bali
meh kasoran. Pungkasanipun Werkudara saged mangertos menawi pengapesanipun
Duryudana wonten ing pupunipun (wentisipun) ingkang sisih kiwa. Nalika
Duryudana lena kaprayitnanipun, wentisipun dipungitik ngangge gada Rujakpolo dening
Werkudara saengga kuwandanipun Duryudana jengkelang gumebruk wonten ing
bantala. Nuli mustakanipun dikepruk ngangge gadha kaliyan pasuryanipun
diungsep-ungsepaken wonten ing wadhas curi saengga wewujudanipun memper
jrangkong. Nalika sekarat, Duryudana taksih kober nguman-uman dhateng Werkudara
saha para Pandhawa sanesipun. Dipununek-unekaken kados makaten menika Werkudara
meh maon muntab kanepsonipun nanging dipunpenggak dening Prabu Kresna.
Wusananipun Duryudana telas dayanipun lajeng pejah kanthi aniyaya wonten salebeting
paprangan Baratayuda ingkang pungkasan, sareng ambrukipun negara Ngastina. Mila
perang menika lajeng dipunwastani crita "Rubuhan Duryudana Gugur".
BAB III
PANUTUP
A.
Dudutan
Wayang menika
boten namung wonten ing tlatah Jawa, nanging ugi wonten ing tlatah sanesipun
ing nuswantara. Wayang menika pagelaran ngangge boneka ingkang limrahipun
ketingal endah wonten ing wewayanganipun kaliyan dipunlakokaken dening dhalang
kanthi iringan gamelan. Boneka wayang saged awujud 2 dhimensi utawi awujud 3
dhimensi. Limrahipun ingkang awujud 2 dhimensi dipundamel saking kulit
(walulang), ingkang biyasanipun kulit sapi, utawi mendha. Boneka wayang ingkang
awujud 3 dhimensi, limrahipun dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggan
ageman ingkang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging wonten
ing tlatah sanes ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, lan kerdhus.
Jinising
wayang inggih menika: wayang Golek, wayang Thengkul Bojonegoro, wayang Krucil,
wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong, wayang Gedog, wayang Sasak, wayang
Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang Klitik, wayang Suluh, wayang Papak
wayang Madya, wayang Parwa, wayang Sadat, wayang Kancil.
B.
Pamrayogi
1. Wayang menika budaya Jawa asli dados kedah dipunlestantunaken kaliyan sampun
ngantos dipunlalekaken.
2. Kita minangka kaum mudha kedah saged njagi kebudayan Jawa , kadosta
budaya wayang.
3. Kita minangka penerus bangsa kedah nuduhaken budaya wayang wonten ing
tingkat internasional.
Komentar
Posting Komentar